Bahasa Jawa Kelas 7

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA



A. Pangertosan

Tegese unggah-ungguh basa miturut bausastra yaiku tata pranataning basa miturut lungguhe tatakrama.  Tembung  tatakrama iku kedadeyan saka tembung tata kang tegese becik pangetrape, lan krama ateges pratingkah utawa patrap.  Tembung  tata krama bisa ditegesi pangetrape patrap utawa pratingkah kang becik dene tembung unggah-ungguh bisa ditegesi cak-cakan utawa pangetrape basa kang becik.

Ing jaman saiki unggah-ungguh basa kaperang dadi loro yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kaperang dadi loro ngoko lugu lan ngoko alus. Basa krama kaperang dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus.

B. Basa Ngoko

1. Ngoko Lugu

Ngoko lugu tegese kabeh tembung-tembung kang digunakake ngoko. Lumrahe ngoko lugu iki digunakake kanggo:
  • Sapadha-padha kang wis kulina upamane siswa karo kancane.
  • Wong kang kalungguhane luwih cendhek upamane wong tuwa marang anake, guru marang murid.
  • Yen pinuju ngudarasa.
  • Crita kang dhapur andharan upamane crita cekak.
Tuladha:

  1. Apa kowe wis sida menyang perpustakaan?
  2. Bukumu iki regane pira, Rin?
  3. Ndhuk, yen rampung sinau lampune dipateni!
  4. Le, latare sapunen!
  5. Saeba senenge menawa aku bisa nembang macapat.
  6. Jam setengah pitu kahanan prapatan Bibis isih sepi, beda kaya adat sabene. Biasane wayah mene iki papan iku rame kendharaan pating sliwer kadu bebanteran ngoyak wektu tumuju kantor utawa papan penggaweyan….


2. Ngoko Alus

Ngoko alus tegese ngoko kang alus kanthi tetembungan ngoko dicampur  krama alus utawa krama inggil. Basa ngoko alus lumrahe digunakake kanggo :
  • Pasrawungan wong dewasa utawa wong tuwa kang wis kulina banget.
  • Wong tuwa marang wong dewasa kang luwih dhuwur pangkate.
Tuladha:

  1. Panjenengan mau ngasta ing kelas pira , Pak?
  2. Sliramu mau bengi apa sida mriksani kethoprak, Mas?
  3. Mengko yen tindak jagong aku diampiri.
  4. Saiki penjenengan ngasta ing ngendi, Mas?

C. Basa Krama

1. Krama Lugu

Krama lugu panggone tetembungan andhap kabeh. Basa krama iki digunakake kanggo :
  • sapadha-padha kang durung kulina.
  • bocah marang wong tuwa
  • murid marang guru.
Tuladha:

  1. Sampeyan griyanipun pundi?
  2. Kula wau tumbas buku.
  3. Kula dereng adus.
  4. Kula tilem sakbibaripun sinau.

2. Krama Alus


Krama alus lumrahe kabeh tetembungan kang digunakake tembung-tembung krama lan krama inggil. Basa krama alus digunakake kanggo :
  • Wong tuwa
  • Wong tuwa kang durung akrab.
  • Priyayi kang duwe pangkat utawa jabatan luwih dhuwur
  • Kanggo sesorah lan Pranatacara
Tuladha:

  1. Bapak kalawau tindak kantor ngasta tas cemeng.
  2. Pak guru sampun rawuh.
  3. Ibu nembe siram.
  4. Eyang nembe sare.
  5. Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan…lsp.

No comments:

Post a Comment

Adbox